Kamis, 13 April 2017

Persiapan Pidato Dalam Bahasa Jawa

 PERSIAPAN PIDATO (TANGGAP WACANA)
Kados pundi rantamaning adicara tanggap wacana (pidato) ingkang sampun dipunsiapaken, tamtu taksih wonten thithaling saha taksih wonten kekiranganipun, bilih ingkang midangetaken dereng saged nampi babaran saking rantaman menika.
      Ing salebeting tanggap wacana satunggaling pananggap wacana badhe pikantuk sambetan ingkang sae, mbok bilih piyambakipun ugi nglumantaraken kanthi wacana ingkang sae ugi.
awit saking menika kedah dipun-gatosaken prekawis-prekawis ingkang kirang mranani penggaling dumateng para ingkang midangetaken.

A. Sikep sarira ingkang kirang mranani:
  1. Jumeneng kanthi lelambaran setunggal suku.
  2. Jumeneng kanthi suku sakelangkung rapet.
  3. Jumeneng kanthi suku sakelangkung mekar.
  4. Jumeneng kanthi loyo/boten wonten semangat.
  5. Jumeneng kirang imbang.
  6. Jumeneng kanthi lelendehan papan wicara
  7. Ngewah-ngewah sarira.
  8. Jumeneng boten kanthi kapitadosan ingkang gumathok.
  9. Jumeneng Kaku
  10. Jumeneng boten nggatosaken papan panggenan. 
 B. Ewah-ewahaning pasuryan ingkang kirang mranani.
  1. Gumujeng ingkang dipun damel-damel
  2. Asring mesem
  3. Besengut
  4. Tumungkul
  5. Gugup.
C. Ewah-ewahaning sarira ingkang boten mranani :
  1. Asring ngebahaken satunggalig bagiyan sarira.
  2. Ngebahaken bagiyan sarira kanthi tida-tida.
  3. Ngebahaken bageyan sarira kanthi boten trep kaliyan ingkang dipun-ngendikakaken.
  4. Asring bondo tangan/asta
  5. Asring ngukur talingan.
  6. Nglebetaken asta wonten ing sak clana.
  7. Asring mirsani cathethan.
  8. Asring ningali nginggil.
  9. Boten nggatosaken ingkang midangetaken lsp.
 Sasampunipun menika ugi kedah dipungatosaken prekawis-prekawis kados ing ngandhap menika :
  1. Sora lan botenipun swanten.
  2. Iramaning swanten
  3. Rancaking pawicaran ingkang salaras kaliyan tandha-tandhaning anta wecana.
  4. Suasananing swanten ingkang salaras kaliyan kawontenan. 
Sumber : Sekar Sumawur (S. Rekso Panuntun)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar