PENGERTIAN
TANGGAP WACANA (PIDATO)
Tanggap
wacana (pidato) inggih punika ngendika wonten ing sangajenging tiyang kathah. Ingkang
gamblangipun ngendika wonten ing sangajengipun tiyang kathah kanthi maksud
ingkang gumathok. Ingkang dipun maksud tiyang kathah punika boten wonten
batesipun, ingkang baken langkung saking sedasa kinten-kinten semanten.
👉 Tujuanipun
pidato (tanggap wacana)
Ancasipun
pidato biyasanipun kathah ingkang bentenaken dados 3 :
- Kangge nyaosi pangertosan dumateng tiyang sanes.
- Kangge nyaosi karemenan dumateng ingkang midangetaken,
utawi peparing panglipur dumateng ingkang midangetaken.
- Kangge nggerpol utawi mengaruhi pamanggih utawi
pendirian ingkang mirengaken supados tumindak kados ingkang dipunsuwun dening
pamwacana.
Bilih
tanggap wacana kangge nyaosi pangertosan dumateng ingkang midangetaken, pramila
tanggapan saking pamidanget ingkang dipun kajengaken inggih menika pamidanget
saged mangertos saha paham dumateng punapa ingkang sampun dipun-ngendikakaken
pamwacana (ingkang maringi pidato).
Bilih
tanggap wacana kangge nyaosi karemenan dumateng ingkang midangetaken, pramila
tanggapan saking pamidanget ingkang dipunkajengaken inggih menika pamidanget
saged rumaos rena ing penggalih.
Bilih
tanggap wacana kangge mengaruhi pamanggih, pramila tanggapan saking pamidanget
ingkang dipunkajengaken inggih menika kapitadosan pamidanget ingkang
dipunjlentrehaken pamicara saha tulus ikhlas nindakaken dumateng punapa ingkang
sampun dipun-ngendikakaken saking pamicara.
Sumber : Sekar Sumawur (S. Rekso Panuntun)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar