Kamis, 13 April 2017

Urutan Pokok-Pokok Pidato Bahasa Jawa

URUTAN POKOK-POKOK PIDATO / SESORAH / TANGGAP WACANA BAHASA JAWA

Ing salebeting wacana kedah kamot prekawis ingkang kados menika rantaman ingkang sampun turut.
  1. Salam Pambuka
    inggih menika ngaturaken salam ingkang sepisan. salam pambuka "Assalamualaikum wr. wb" langkung rumiyin". mBok bilih wonten ingkang ngaturaken atur salam pambuka menika dipunwiwiti kanthi nyebat ingkang rawuh rumiyin. Ananging miturut ajaran Islam, boten wonten ginanipun ngaturaken salam sasampunipun ngaturaken / nyebat para rawuh. Pramila ign racikan menika dipun-purwakani kanthi salam rumiyin, lajeng nyebat asma para rawuh.
  2. Purwaka
    Inggih menika atur matur nuwun dumateng para tamu undangan, saha atur syukur dumateng Allah SWT lsp. 
  3. Isi
    Inggih menika sedaya prekawis ingkang dipunwedaraken.
  4. Wigatining
    Inggih menika inti saking isi ingkang sampun kawedaraken.
  5. Pangajeng-ajeng
    Inggih menika pitedah-pitedah saha pangajeng-ajeng ingkang dipunwedaraken dumateng para ingkang midangetaken.
  6. Wasana 
    Inggih menika atur matur nuwun saha nyuwun pangapunten bilih wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun nyaosi pangertosan.

    Sumber : Sekar Sumawur (S. Rekso Panuntun) 

Persiapan Pidato Dalam Bahasa Jawa

 PERSIAPAN PIDATO (TANGGAP WACANA)
Kados pundi rantamaning adicara tanggap wacana (pidato) ingkang sampun dipunsiapaken, tamtu taksih wonten thithaling saha taksih wonten kekiranganipun, bilih ingkang midangetaken dereng saged nampi babaran saking rantaman menika.
      Ing salebeting tanggap wacana satunggaling pananggap wacana badhe pikantuk sambetan ingkang sae, mbok bilih piyambakipun ugi nglumantaraken kanthi wacana ingkang sae ugi.
awit saking menika kedah dipun-gatosaken prekawis-prekawis ingkang kirang mranani penggaling dumateng para ingkang midangetaken.

A. Sikep sarira ingkang kirang mranani:
  1. Jumeneng kanthi lelambaran setunggal suku.
  2. Jumeneng kanthi suku sakelangkung rapet.
  3. Jumeneng kanthi suku sakelangkung mekar.
  4. Jumeneng kanthi loyo/boten wonten semangat.
  5. Jumeneng kirang imbang.
  6. Jumeneng kanthi lelendehan papan wicara
  7. Ngewah-ngewah sarira.
  8. Jumeneng boten kanthi kapitadosan ingkang gumathok.
  9. Jumeneng Kaku
  10. Jumeneng boten nggatosaken papan panggenan. 
 B. Ewah-ewahaning pasuryan ingkang kirang mranani.
  1. Gumujeng ingkang dipun damel-damel
  2. Asring mesem
  3. Besengut
  4. Tumungkul
  5. Gugup.
C. Ewah-ewahaning sarira ingkang boten mranani :
  1. Asring ngebahaken satunggalig bagiyan sarira.
  2. Ngebahaken bagiyan sarira kanthi tida-tida.
  3. Ngebahaken bageyan sarira kanthi boten trep kaliyan ingkang dipun-ngendikakaken.
  4. Asring bondo tangan/asta
  5. Asring ngukur talingan.
  6. Nglebetaken asta wonten ing sak clana.
  7. Asring mirsani cathethan.
  8. Asring ningali nginggil.
  9. Boten nggatosaken ingkang midangetaken lsp.
 Sasampunipun menika ugi kedah dipungatosaken prekawis-prekawis kados ing ngandhap menika :
  1. Sora lan botenipun swanten.
  2. Iramaning swanten
  3. Rancaking pawicaran ingkang salaras kaliyan tandha-tandhaning anta wecana.
  4. Suasananing swanten ingkang salaras kaliyan kawontenan. 
Sumber : Sekar Sumawur (S. Rekso Panuntun)

Pengertian dan Tujuan Pidato dalam Bahasa Jawa



PENGERTIAN TANGGAP WACANA (PIDATO)
    Tanggap wacana (pidato) inggih punika ngendika wonten ing sangajenging tiyang kathah. Ingkang gamblangipun ngendika wonten ing sangajengipun tiyang kathah kanthi maksud ingkang gumathok. Ingkang dipun maksud tiyang kathah punika boten wonten batesipun, ingkang baken langkung saking sedasa kinten-kinten semanten.

👉 Tujuanipun pidato (tanggap wacana) 
Ancasipun pidato biyasanipun kathah ingkang bentenaken dados 3 : 
  1. Kangge nyaosi pangertosan dumateng tiyang sanes.
  2.  Kangge nyaosi karemenan dumateng ingkang midangetaken, utawi peparing panglipur dumateng ingkang midangetaken.
  3. Kangge nggerpol utawi mengaruhi pamanggih utawi pendirian ingkang mirengaken supados tumindak kados ingkang dipunsuwun dening pamwacana.
     Bilih tanggap wacana kangge nyaosi pangertosan dumateng ingkang midangetaken, pramila tanggapan saking pamidanget ingkang dipun kajengaken inggih menika pamidanget saged mangertos saha paham dumateng punapa ingkang sampun dipun-ngendikakaken pamwacana (ingkang maringi pidato).
     Bilih tanggap wacana kangge nyaosi karemenan dumateng ingkang midangetaken, pramila tanggapan saking pamidanget ingkang dipunkajengaken inggih menika pamidanget saged rumaos rena ing penggalih.
    Bilih tanggap wacana kangge mengaruhi pamanggih, pramila tanggapan saking pamidanget ingkang dipunkajengaken inggih menika kapitadosan pamidanget ingkang dipunjlentrehaken pamicara saha tulus ikhlas nindakaken dumateng punapa ingkang sampun dipun-ngendikakaken saking pamicara.
Sumber : Sekar Sumawur (S. Rekso Panuntun)